Wednesday, May 30, 2007

hari hari yang menunggu terang

kepada denmas sudrun di pantai utara jawa

denmas, sajak sampean ora isa turu pirang dina iki. apa sing dadi pikiran denmas? apa ana sing isih kurang saka rahmat kang wis sumebar ana ing donya. kabeh iku denmas, wis katulis ana ing buku gede ana ing akherat, dadi sampeyan ora susah ndadak bingung lan gelo marang apa kang wis katulis mau. ora kabeh becik merga ala iku sejatining ana ing sak njerone ati manungsa.

aku ngerti sampeyan ora percoyo yen gusti iku ana lan kuwasa, tapi coba ndelengen kahanan sing ana denmas. kabeh ora bakal isa kaleksanan menawa diatur manungsa. aku ngerti pas moco baris iki sampeyan gumuyu merga gusti iku barang kan ora katon kanggomu, ora nyatha. ya nuwun sewu wae denmas nak omonganku ora kena ing ati sampeyan. tapi tenan kok denmas, kabeh iki gampang lan bener menawa dewe percaya ana sing ngatur makhluk. yen ora ana sing ngatur makhluk, ya mestine dewe ora isa mikir merga kabeh mestine gampang merga kabeh diatur sak karepe dewe.

ngono kuwi lah denmas, sing tak ngerteni bab anane Gusti. aku ya nduwe gela kaya sampeyan, tapi saben atiku tak tata kanggo semeleh marang Gustiku, rasane kok dadi ayem tentrem. aku dadi kaya nduwe kekuatan maneh, dadi sekti mandraguna.

wis denmas, muga gelamu isa dadi panglipur atimu......

salam,

dimas ganjur

No comments: